Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kag nduweni pathokan utawa paugeran ajeg. Tembunge liya parikan iku rerangkening tembung kang awewaton gunggungin wanda, runtuting swara (vokal), lan nganggo pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep (maksud). Ing piwulang Basa Indonesia diarani pantun. Umpamane :
1.    Cacahe wanda ukara sepisan , kudu padha karo ukara kapindho.
2.    Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi (wose)
3.    Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
4.    Parikan biasane kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra
5.    Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben sagatra.
TULADHA :
No 
 |    
Tuladha 
 |    
Sumber 
 |   
1 
 |    
iwak pitik dhadha menthok 
 |    
Wonosari.com 
 |   
lungguh dingklik ndondomi katho 
 |   ||
2 
 |    
Bir temulawak 
 |    
Wonosari.com 
 |   
Yen dipikir ngrusakne   awak 
 |   ||
3 
 |    
Gatot koco mangan   gombong 
 |    
Wonosari.com 
 |   
he konco ojo mung   ndomblong 
 |   ||
4 
 |    
Sego tanak lawuhe paru 
 |    
Wonosari.com 
 |   
bareng penak lali turu 
 |   ||
5 
 |    
Ana brambang sasèn lima, 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
Berjuang labuh negara 
 |   ||
6 
 |    
Manuk emprit nucuk pari,.. 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
Dadi murid sing taberi 
 |   ||
7 
 |    
Jambu apa jeruk, 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
Aku mèlu apa éntuk 
 |   ||
8 
 |    
Manuk kutut, manggung ngganter. 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
Yèn ra nurut, bisa keblinger 
 |   ||
9 
 |    
Manuk emprit, ménclok godhong tebu. 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
Dadi murid, sing sregep sinau. 
 |   ||
10 
 |    
Jemèk-jemèk gula jawa, 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
Aja sok ngenyèk karo kanca 
 |   ||
11 
 |    
Kutha Kendhal Kaliwungu, 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
Ajar kenal karo aku 
 |   ||
12 
 |    
Wédang bubuk, gula jawa. 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
Yèn kepethuk ati lega. 
 |   ||
13 
 |    
Wajik klêthik gulå   abang. 
 |    
Ki Demang 
 |   
Aja suthÃk, yèn   tumandang 
 |   ||
14 
 |    
Gódhóng kêcipÃr,   mrambat kawat. 
 |    
Ki Demang 
 |   
Najan ora mampÃr,   nangÃng liwat. 
 |   ||
15 
 |    
Kêmbang jagung,   dipêthik Cina. 
 |    
Ki Demang 
 |   
Barang wis kadhúng   dikapaknå. 
 |   ||
16 
 |    
Manuk êmprÃt, ménclóok   gódhóng têbu. 
 |    
Ki Demang 
 |   
Dadi murid, sing   srêgêp sinau. 
 |   ||
17 
 |    
Manúk kutút, manggúng   nggantêr. 
 |    
Ki Demang 
 |   
Yèn ra nurút, bisa   kêblingêr. 
 |   ||
18 
 |    
Yèn kêmbang kêmbangé   kacang, dudu kêmbange púspa nyidrå. 
 |    
Ki Demang 
 |   
Sih cilÃk   dikudang-kudang, barêng gêdhe gawe rekÃ¥sa. 
 |   ||
19 
 |    
Yèn kêmbang kêmbangé   lamtårå, dudu kêmbang wora-wari. 
 |    
Ki Demang 
 |   
Mumpúng sirå isih   mudhå, sing tabêri ngati-ati 
 |   ||
20 
 |    
Esuk nyulIng sore   nyulÃng, sulingé arèk SurÃ¥bÃ¥yÃ¥. 
 |    
Ki Demang 
 |   
Esuk elÃng sore elÃng,   sÃng diélÃng ora rumÃ¥ngsÃ¥. 
 |   ||
21 
 |    
Ésúk nêmbang soré   nêmbang, têmbangané asmårådånå. 
 |    
Ki Demang 
 |   
Esuk ngadhang soré   ngadhang, sÃng diadhang ra tekÃ¥-tekÃ¥ 
 |   ||
22 
 |    
Lunga ngarit nang kulon kali 
sangua senik wadhahé sega 
Dadi murid kudu ngulina 
tumindak becik laku utama 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
23 
 |    
Tuku jarit nang Pasar Turi 
murah regané maremaké ati 
Dadi murid kudu ngajèni 
marang guru aja sok wani 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
24 
 |    
Lunga Bengkulu tuku perkutut 
sing ngati-ati dalané gawat 
Dhawuhé guru kudu diturut 
supaya ngèlmuné bisa manfaat 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
25 
 |    
Ungsum tikus kudu diracun 
cara gropyokan kudu disengkut 
Karo kancané kudu sing rukun 
aja tukaran drengki lan kasud (main) 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
26 
 |    
Abang-abang gendéra Landa, 
ana sing ijo kok milih putih 
Baujang manèh ora ngluyura, 
sing duwé bojo ra tau mulih 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
27 
 |    
Bibi Surip tuku klobot, 
pethuk encik tawa roti 
Uwong urip pancèn abot, 
mula becik ngati-ati 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
28 
 |    
Ésuk nakir, soré nakir, 
sing ditakir godhong plasa 
Ésuk mikir soré mikir, 
Sing dipikir ora rumangsa 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
29 
 |    
Yèn kembang kembangé kacang, 
dudu kembange puspa nyidra. 
Sih cilik dikudang-kudang, 
bareng gedhe gawe rekåsa. 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
30 
 |    
Ésuk nyuling sore nyuling, 
sulingé arèk Surabaya. 
Ésuk eling sore eling, 
sing diéling ora rumangsa. 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
31 
 |    
Awan-awan aja keluyuran, 
ana pak mantri numpak sekuter. 
Kapan-kapan aku keturutan, 
duwe kanca sinauné pinter 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
32 
 |    
Ésuk nembang soré nembang, 
tembangané asmaradana. 
Ésuk ngadhang soré ngadhang, 
sing diadhang ra teka-teka 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
33 
 |    
Ali-ali ilang matane, 
Gantenana matane akik, Aja lali karo wong tuwane, Ngailingana ri kalane sih cilik.  |    
Blog Rosyad 
 |   
34 
 |    
Suwe ora jamu 
jamu godong kluwih., suwe ora ketemu ketemu isan neng ngadiluwih  |    
Blog Rosyad 
 |   
35 
 |    
Bibi surip tuku   klobot, 
Pethuk encik tawa roti 
Uwong urip pancen   abot, 
Mula becik ngati-ati. 
 |    
Modul B. Jawa 
 |   
36 
 |    
Jangan kacang jangan   kara, 
Kaduk uyah kurang   gula. 
Piwelingku mrimg pra   mudha, 
Aja wedi ing rekasa. 
 |    
Modul B. Jawa 
 |   
37 
 |    
Ndelok manten 
Ning Omahe Mumun 
Cekap semanten 
Lan matur nuwun 
 |    
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com 
 |   
38 
 |    
Tuku clurid 
Menyang nggone septi 
Dadi murid 
Kudu ngabekti 
 |    
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com 
 |   
39 
 |    
Sapi manak 
Menyang omahe heri 
Dadi anak 
Kudu taberi 
 |    
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com 
 |   
40 
 |    
Kebo manak 
Mangan dami 
Dadi anak 
Kudu ngajeni 
 |    
Aakkuucintaindonesa.blogspot.com 
 |   
41 
 |    
Tuku pit 
Etuk emas 
Yen ngepit 
Alon wae mas 
 |    
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com 
 |   
42 
 |    
Tuku wadah iwak teri 
Dadi bocah Ojo seneng   ngapusi 
 |    
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com 
 |   
43 
 |    
Wajik klethik, gula   jawa 
Kalah dhisik, ora   papa. 
 |    
Modul B. Jawa 
 |   
44 
 |    
Ngasah arit, nganti   landhep. 
Dadi murid, kudu   sregep. 
 |    
Modul B. Jawa 
 |   
45 
 |    
Tawon madu ngisep   sekar 
Golek ngelmu kudu   sabar 
 |    
Kawruh basa jawa 
 |   
46 
 |    
Wedhang kopi gula jawa 
Aja lali karo kanca 
 |    
Kawruh basa jawa 
 |   
47 
 |    
Kembang mlathi, ganda   arum warni peni,mlathi 
Watak putrid, kudu   gemi lan nastiti 
 |    
Kawruh basa jawa 
 |   
48 
 |    
Tawon madu, ngisep   sari kembang jambu 
Aja nesu, yen   dituduhke luputmu 
 |    
Kawruh basa jawa 
 |   
49 
 |    
Rujak wuni, rujake   wong wetan kali 
Sing taberi, ja   ketungkul nonton tivi 
 |    
Kawruh basa jawa 
 |   
50 
 |    
Kembang salak sumebar   tengahing bulak 
Aja anggak, luwih   becik sumanak 
 |    
Kawruh basa jawa 
 |   
51 
 |    
Kembang jambu   sedhompol mekroke telu 
Timbang nesu, ayo   kanca mesem ngguyu 
 |    
Kawruh basa jawa 
 |   
52 
 |    
Kayu urip ora ngepang 
Iji-ijo godhong jati 
Uwong urip ora gampang 
Mula padha ngati-ati 
 |    
Kawruh basa jawa 
 |   
53 
 |    
Bengi-bengi aja adus 
Mundhak diwedeni medi 
Aku muji kabeh lulus 
Bisa klebu neng   perguruan tinggi 
 |    
Kawruh basa jawa 
 |   
54 
 |    
Tuku ragi 
Menyang sekar pace 
Parikan iki mugi-mugi 
Kathah manfaate 
 |    
- 
 |   
55 
 |    
Tuku oleh-oleh 
Menyang rantau 
Muga-muga kabeh 
Tambah sregep sinau 
 |    
- 
 |   
            Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake. Mung anggone ngandakake ora kanthi melok, jelas utawa cetha, nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih. Wangsalan ana kang gampang ditegesi, nanging uga ana kang kudu njlimet anggone nggoleki karep kang saknyatane.
Wangsalan iku anasesebutane dhewe-dhewe, yaiku:
1.    Wangsalan Lamba, yaiku wangsalan kang isih prasaja
2.    Wangsalan Rangkep, yaiku wangsalan kang sinebut ing saben sagatra rangkep utawa ana rong wangsalan saben sagatra.
3.    Wangsalan Memet, yaiku wangsalan kang anggone nggoleki karepe tembung ora mung sepisan, mula kudu luwih tliti
4.    Wangsalan Pdintenan, yaiku wangsalan kang digunakake minangka pacelathon ing saben dinane, yen dirungu kaya wis kulina krungu, mula bisa dadi tembung nggregetake.
5.    Wangsalan Edipeni, yaiku wangsalan kang ngemu surasa pitutur kang becik.
6.    Wangsalan Nganggo Pathokan Tinamtu, yaiku wangsalan kang wis cetha pathokane lan tegese saka tembung kang diwangsalake wis cetha.
7.    Wangsalan Sianwung ing Tembang saha Gending
TULADHA :
No. 
 |    
Tuladha 
 |    
Sumber 
 |   
1 
 |    
Lombok   cilik, dikandhani malah mecengis 
 |    
Modul 
 |   
2 
 |    
Widheng   galeng, tekamu apa padha rahayu 
 |    
Modul 
 |   
3 
 |    
Mrica   kecut, singgat toya 
Saunine,   wong sengit nggregetake 
 |    
Modul 
 |   
4 
 |    
Uler   kembang, yen trima alon-alonan 
 |    
Modul 
 |   
5 
 |    
Nyaron   bumbung, cengklungen anggonku ngenteni. 
 |    
Modul 
 |   
6 
 |    
Jarwa   Prapta, aja duka ya! 
 |    
Modul 
 |   
7 
 |    
Carang   wreksa, wreksa kang rinengga janma 
 |    
Modul 
 |   
8 
 |    
Nora   gampang, golek kawruh mrih kaonang 
 |    
Modul 
 |   
9 
 |    
Gayung   sumur, aja kemba aja mundhur 
 |    
Modul 
 |   
10 
 |    
Kapi   jarwa, dakpethek mangsa luputa 
 |    
Modul 
 |   
11 
 |    
Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren) 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
12 
 |    
Pindang   lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek) 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
13 
 |    
Jenang   sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
14 
 |    
Wong   kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
15 
 |    
Sayuk   rukun, wulang wido mangsa rowang 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
16 
 |    
Sayektine,   wit saking bondho kawula 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
17 
 |    
Tepi   wastra, wastra kang tumprap mustaka. 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
18 
 |    
Njanur   gunung, kadingarèn dolan mréné? (janur gunung = arèn) 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
19 
 |    
Ngrokok   cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan) 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
20 
 |    
Jenang   gula, aja lali (jenang gula = glali) 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
21 
 |    
Nggodhong   garing, ésuk-ésuk kok wis nglaras (godhong garing = klaras) 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
22 
 |    
Balung   klapa, éthok-éthok ora ngerti (balung klapa = bathok) 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
23 
 |    
Balung   geni, mbokmenawa aku ora bisa teka (balung geni = mawa) 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
24 
 |    
Balung   janur, sida lunga apa ora? (balung janur = sada) 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
25 
 |    
Balung   pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok) 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
26 
 |    
Jangan   gori, nganti judheg anggonku mikir (jangan gori = gudheg) 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
27 
 |    
reca kayu,   goleka sabda rahayu. ( reca kayu = golekan) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
28 
 |    
bayem arda,   dhasar anteng tur jatmika (bayem arda = lanteng) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
29 
 |    
kukus gantung, sawengan kang adi luhung. (kukus gantung = sawang) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
30 
 |    
durna putra,   ngudiya basa utama (durna putra = aswatan) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
31 
 |    
gayung sumur,   kewan gung granane dawa. aja   kemba, mangesthi saliring karya. ( gayung sumur = timba; kewan gung granane   dawa = esthi (gajah)) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
32 
 |    
bibis tasik,   tasik manda winor tirta. maju   mundur, tangeh marem kang pinanggya ( bibis tasik = undur undur, tasik manda   winor tirta = parem) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
33 
 |    
tapas aren, aren arab wijilira. tindak tanduk,   nora ninggal tata krama. (tapas aren = duk; aren Arab wijilira = kurma) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
34 
 |    
saron agung,   agung agunging sujanma. yen mung ewuh, sabarang nora tumeka ( saron agung =   demung; agung agunging sujanma = ratu) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
35 
 |    
cipta arda,   ardaning tyas mring sasama.   tyas susila, nor raga ambek jatmika. ( cipta arda = nepsu; ardhaning tyas   mring sasama = ambek) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
36 
 |    
mamet tirta,   tirta jawah jro ketiga. suka   lila,lebur luluh labuh praja. ( mamet tirta = ngangsu, tirta jawah jro ketiga   = labuh) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
37 
 |    
Bok   aja nglemah bengkah. (nglemah   bengkah = tela = nyela nyela) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
38 
 |    
Wah,   mandhan rawa lho kowe, bareng   macak Jawa ( pandhan rawa = wlingi/manglingi 
 |    
Kedai   ku 
 |   
39 
 |    
Mung kepengen nggentha dara. ( gentha dara =   sawangan = nyawang) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
40 
 |    
Yen   ora nesu, geneya kowe kok mentil   kacang, mrengut terus.   ( mentil kacang = sungut = mrengut) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
41 
 |    
Kancing gelung munggweng dhadha, titenana! ( kancing gelung munggweng dhadha = peniti =   titenana) 
 |    
Kedai   ku 
 |   
42 
 |    
Ngembang   garut nggrêmêng ora karuwan 
(kêmbang garut = grêmêng),  |    
Kedai   ku 
 |   
43 
 |    
Sêkar   arèn mas, sampún dangu kok botên kêpanggih 
(sêkar arèn = dangu).  |    
Ki   Demang 
 |   
44 
 |    
Kêmbang   jambu, kêmaruk duwé dolanan anyar. 
(kêmbang jambu = karuk = dadi kêmaruk).  |    
Ki   Demang 
 |   
45 
 |    
RonÃng   mlinjo, sampún sayah nyuwún ngaso. 
(ronÃng mlinjo = so - dadi ngaso).  |    
Ki   Demang 
 |   
46 
 |    
Klåpå   mudhå, yèn kalegan paringa apurå. 
(klåpå mudhå = degan - dadi kalêgan)  |    
Ki   Demang 
 |   
47 
 |    
Kêmbang   gêmbili sênêng-sênêng olèh rêjêki. 
(kêmbang gêmbili = sênêng).  |    
Ki   Demang 
 |   
48 
 |    
WitÃng   klÃ¥pÃ¥ jawÃ¥tÃ¥ ing ngarcÃ¥pÃ¥dÃ¥. Salugune wóng mudhÃ¥ gelem rekÃ¥sÃ¥. 
(witing klåpå = glugu dadi saluguné)  |    
Ki   Demang 
 |   
49 
 |    
Kolik   priyå priyagung anjani putrå. 
(kolik   priyå = manuk tuhu). 
 |    
Ki   Demang 
 |   
50 
 |    
  |    
Wikipedia.com 
 |   
51 
 |    
Pangkur Lamba (slendro   Pantet 9) 
Purwaka (buka,Basa) 
Kembang   adas sumebar neng tengah alas 
Tuwas   tiwas anglabuhi wong ora waras 
Alah   bapak, balung jagung saguhku isih janggelan 
Wiwit   gerong sing baku 
Lagu   gendhing pangkur lamba 
Maweh   gumirah wardaya 
Tur   mathuk kinarya aba 
Mlaku   bareng ulah raga 
Balung   jagung:maksude janggel 
Janggelan   = during tetep, isih kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung. 
 |    
Wikipedia.com 
 |   
DAFTAR PUSTAKA
http://www.google.com
saya tidak mudeng sma skali dengan bhasa jawa apa lagi aksara jawanya..
ReplyDeletejdi ini sungguh membantu,, arigato :)
., masak siihhhh
Deleteiya, sama - sama,. terimakasih sudah berkunjung ke blog saya.
ReplyDeletekalo saya sih paling suka sama aksara jawa & pewayangan.
SAMI KALEH KULO...............
Deletenggih :-)
Deletematur suwun sampun mampir :-)
Terimakasih udah berbagi :-)
ReplyDeleteiya sama-sama ...
ReplyDeleteMATUR tq lek,Saget kangge mulang......budhe yuli
ReplyDeleteinggih dhe,... sami2
ReplyDeletematursuwun
ReplyDeleteinggih sami2 ;-)
Deletepacelathonnya kok engga ada?
ReplyDeletesepertinya bisa buat sendiri kan? terima kasih udah berkunjung & berkomentar :-0
Deletesrikaya nepluk nng dalan
ReplyDeleteluruh kraca sampe teka bunderan
kaya kenen temen nasib badan due pacar sun ora kaberan......
terimakasih sudah meramaikan ini kolom komentar :-)
Deleteberkunjung lagi ya?
oya, ada lagu yang memuat parikan gak? sekali lagi terimakasih
ReplyDeleteMatursuwun :)
ReplyDeleteNice Blog Post !
ReplyDeleteterimakasih :> sangat membantu saya dalam belajar :D
ReplyDelete