Pages

Social Icons

Beranda

Tuesday 2 October 2012

Contoh Tanggap Wacana / Pambagyaharja - Halal Bi Halal-

Terimakasih Atas Kunjungannya


Nama          : Fella Adiatika
No     : 21
Kelas : XI IPS 2


            Assalamualaikum Wr.Wb
            Dhumateng ibu kepala desa ingkang kula kurmati, bapak kepala dusun ingkang kula bekteni, ugi bapak ibu sedaya ingkang rawuh ingkang winantu ing kabagyan lan kawilujengan.
            Para rawuh ingkang winantu ing kabagyan, sakderengipun panjenengan sedaya lan kula ngawiwiti adicara punika, mangga ingkang sepisan panjenengan lan kula ngucapaken syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuasa awit panjenengan lan kula tansah kaparingan kasaran lan kanikmatan saengga saged makempal wonten ing mriki kangge nglampahaken adicara halal bihalal.
            Para rawuh ingkang winantu ing kabagyan, sakderengipun mlebet ing adicara utami kula ngaturaken maturnuwun amargi bapak lan ibu sedaya sampun nglonggaraken wekdal kangge rawuh  wonten ing mriki. Para rawuh ingkang winantu ing pakurmatan, sesasi kapungkur panjenengan sedaya lan kula sampun nglampahi ingih punika siam wajib kangge nglampahaken dhawuhipun Gusti Allah ingkang utami inggih punika kangge tiyang muslim. Ing wekdal punika panjenenga lan kula makempal wonten ing mriki kangge ngawontenaken silahturahmi, sami nglebur dosa dhumateng tiyang sanes. Amargi mboten wonten tiyang ingkang mboten gadhah lepat, awit punika mangga panjenengan lan kula sami ngikhlasaken ati kangge nyuwun pangapunten lan menehi pangapunten.
            Para rawuh sedaya, mugi-mugi keikhlasan kita nyuwun pangapunten saha atur pangapunten saged ndadosaken kita sedaya tiyang ingkang langkung sae, lan mugi-mugi panjenengan lan kula tansah dipunparingi berkah dening Gusti Allah supados saged pepanggihan malih ing ramadhan taun ngajeng.
            Para rawuh ingkang winantu ing kabagyan, kula kinten semanten ingkang saged kula aturaken. Sedaya saenipun inggih punika saking Allah SWT, lepatipun saking kula piyambak. Menawi lepat kula nyuwun agenging samudra pangaksami.
            Wassalamualaikum Wr.Wb



Contoh Lain PAMBAGYAHARJA :
1

No comments:

Post a Comment