Pages

Social Icons

Beranda

Friday 21 September 2012

Contoh Pambagyaharja/ Tanggap Wacana - Acara Halal Bi Halal-

Terimakasih Atas Kunjungannya


PAMBAGYAHARJA
Assalamu’alaikum wr.wb.
Dhumatheng panjenenganipun Kepala Desa Kaliboto dalasan para perangkatipun ingkang kula urmati. Bapak Ketua RW lan RT saha para tamu undangan ingkang kinabekten. Kadang-kadang kula Karang Taruna Lestari Asri ingkang winantu ing suka basuki.
Para tamu ingkang winantu ing suka rena, mangga langkung rumiyin kula dherekaken ngaturaken puji dalasan syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Awit kula lan panjenengan kaparingan kasarasan. Dene ing dinten ingkang sae punika panjenengan lan kula saged rawuh wonten acara “Halal Bi Halal” Karang Taruna Lestari Asri wonten Dukuh Ngeloasri mriki.
Para tamu undangan ingkang kula urmati, kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo upami menggah karawuhan panjenengan sami. Mugi-mugi karawuhan panjenengan ing pangajab, kula saha kadang-kadang Karang Taruna Lestari Asri kersa a hanampi sungkem saha paring pangapunten kadang-kadang Karang Taruna Lestari Asri.
Sepisan, kula minangka wakil saking kadang-kadang Karang Taruna, kathah sanget kekiranganipun awit saking menika wonten wekdal sae punika panjenengan kersa paring pangapunten dhumateng sedaya kadang-kadang Karang Taruna Lestari Asri.
Dene ingkang angka kalih, ugi saklebetipun sesambetan saha sesrawungan mbokbilih kathah sanget atur ingkang mboten ngremeni dhumateng panjenengan sedaya, Kula minangka wakil Karang Taruna ngaturaken Sugeng Riyaya, Minal Aidzin Wal Faidzin. Kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan lahir tulusing batin.
Mugi Gusti Allah paring pangapunten dhumateng panjenengan lan kula. Lan mugi-mugi sedaya dosa saha kalepatan saget kalebur wonten ing dalu puniki.Amin...
Para rawuh ingkang kula urmati, mekaten atur pambagyaharja saking kula minangka wakil saking kadang-kadang Karang Taruna Lestari Asri, mbokbilih kathah kekirangan saha kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten. Mugi-mugi panjenengan lan kula pinaringan berkah lan hidayah saking ngarsanipun Allah SWT.
Wassalamu’alaikum wr.wb

Nama    : Decky Adi Prasetyo
No.         : 01
Kelas     : XI IPS 2
 
 

No comments:

Post a Comment