Pages

Social Icons

Beranda

Sunday 28 July 2013

Pidato Pamitan Kelas IX SMP dalam Bahasa Jawa

Terimakasih Atas Kunjungannya :-)
Thanks For Visiting My Blog



Assalamu’alaikum Wr.Wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Guru, para rawuh saha para kadang siswa kelas tiga, ugi para wakil siswa kelas setunggal lan kelas kalih ingkang kula tresnani.
Ingkang rumiyin sumangga kula ndherekaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan arupin kasarasan jasmani lan rohani saengga ngantos wekdal menika panjenengan sedaya dalasan kula saged hangrawuhi undhangan wonten ing tata adicara perpisahan siswa kelas tiga punika.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Kula minangka wakil saking kelas tiga ngaturaken nyuwun pamit dhumateng panjenengan sedaya. Sadangunipun kirang langkung tigang tahun kula sakanca sampun ngudi ilmu wonten sekolahan menika. Wonten pamulangan saben dintenipun kula sakanca asring damel kalepatan awit menika, kula sakanca nyuwun pangapunten.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Bapak saha Ibu guru sampun paring ngilmu dhumateng kula sakanca, sampun ndhidhik saha mbimbing kanthi ikhlas lahir terusing batos, awit menika kula sakanca namung saged ngaturaken agunging panuwun, mugi-mugi bapak ibu guru pikantuk ganjaran ingkang langkung sae. Saking Gusti Ingkang Maha Agung, amin.
Kula sakanca nyuwun pangestu dhumateng bapak/ibu guru supados kula sakanca pikantuk pendhidhikan ingkang langkung sae wonten jenjang sekolah ingkang langkung inggil. Boten kesupen kula sakanca dedonga ,mugi-mugi sekolahan punika saged majeng.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Mbok menawi cekap semanten kemawon atur kula, wonten klenta-klentunipun atur kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Purnaning atur, billahitaufik wal hidayah
Wassalamualikum Wr. Wb
Nuwun




Dini Rusnia Astari / 08 / IX B




ALWAYS REMEMBER : http://aakkuucintaindonesia.blogspot.com

No comments:

Post a Comment