Pages

Social Icons

Beranda

Sunday 26 February 2012

PARIKAN LAN WANGSALAN ... KOMPLIT

Terimakasih Atas Kunjungannya

 

Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kag nduweni pathokan utawa paugeran ajeg. Tembunge liya parikan iku rerangkening tembung kang awewaton gunggungin wanda, runtuting swara (vokal), lan nganggo pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep (maksud). Ing piwulang Basa Indonesia diarani pantun. Umpamane :
1.    Cacahe wanda ukara sepisan , kudu padha karo ukara kapindho.
2.    Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi (wose)
3.    Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
4.    Parikan biasane kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra
5.    Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben sagatra.

TULADHA :

No
Tuladha
Sumber
1
iwak pitik dhadha menthok
Wonosari.com
lungguh dingklik ndondomi katho
2
Bir temulawak
Wonosari.com
Yen dipikir ngrusakne awak
3
Gatot koco mangan gombong
Wonosari.com
he konco ojo mung ndomblong
4
Sego tanak lawuhe paru
Wonosari.com
bareng penak lali turu
5
Ana brambang sasèn lima,
Wikipedia.com
Berjuang labuh negara
6
Manuk emprit nucuk pari,..
Wikipedia.com
Dadi murid sing taberi
7
Jambu apa jeruk,
Wikipedia.com
Aku mèlu apa éntuk
8
Manuk kutut, manggung ngganter.
Wikipedia.com
Yèn ra nurut, bisa keblinger
9
Manuk emprit, ménclok godhong tebu.
Wikipedia.com
Dadi murid, sing sregep sinau.
10
Jemèk-jemèk gula jawa,
Wikipedia.com
Aja sok ngenyèk karo kanca
11
Kutha Kendhal Kaliwungu,
Wikipedia.com
Ajar kenal karo aku
12
Wédang bubuk, gula jawa.
Wikipedia.com
Yèn kepethuk ati lega.
13
Wajik klêthik gulå abang.
Ki Demang
Aja suthík, yèn tumandang
14
Gódhóng kêcipír, mrambat kawat.
Ki Demang
Najan ora mampír, nangíng liwat.
15

Kêmbang jagung, dipêthik Cina.
Ki Demang
Barang wis kadhúng dikapaknå.
16
Manuk êmprít, ménclóok gódhóng têbu.
Ki Demang
Dadi murid, sing srêgêp sinau.
17
Manúk kutút, manggúng nggantêr.
Ki Demang
Yèn ra nurút, bisa kêblingêr.
18
Yèn kêmbang kêmbangé kacang, dudu kêmbange púspa nyidrå.
Ki Demang
Sih cilík dikudang-kudang, barêng gêdhe gawe rekåsa.
19
Yèn kêmbang kêmbangé lamtårå, dudu kêmbang wora-wari.
Ki Demang
Mumpúng sirå isih mudhå, sing tabêri ngati-ati
20
Esuk nyulIng sore nyulíng, sulingé arèk Suråbåyå.
Ki Demang
Esuk elíng sore elíng, síng diélíng ora rumångså.
21
Ésúk nêmbang soré nêmbang, têmbangané asmårådånå.
Ki Demang
Esuk ngadhang soré ngadhang, síng diadhang ra tekå-tekå
22
Lunga ngarit nang kulon kali
sangua senik wadhahé sega
Dadi murid kudu ngulina
tumindak becik laku utama
Wikipedia.com
23
Tuku jarit nang Pasar Turi
murah regané maremaké ati
Dadi murid kudu ngajèni
marang guru aja sok wani
Wikipedia.com
24
Lunga Bengkulu tuku perkutut
sing ngati-ati dalané gawat
Dhawuhé guru kudu diturut
supaya ngèlmuné bisa manfaat
Wikipedia.com
25
Ungsum tikus kudu diracun
cara gropyokan kudu disengkut
Karo kancané kudu sing rukun
aja tukaran drengki lan kasud (main)
Wikipedia.com
26
Abang-abang gendéra Landa,
ana sing ijo kok milih putih
Baujang manèh ora ngluyura,
sing duwé bojo ra tau mulih
Wikipedia.com
27
Bibi Surip tuku klobot,
pethuk encik tawa roti
Uwong urip pancèn abot,
mula becik ngati-ati
Wikipedia.com
28
Ésuk nakir, soré nakir,
sing ditakir godhong plasa
Ésuk mikir soré mikir,
Sing dipikir ora rumangsa
Wikipedia.com
29
Yèn kembang kembangé kacang,
dudu kembange puspa nyidra.
Sih cilik dikudang-kudang,
bareng gedhe gawe rekåsa.
Wikipedia.com
30
Ésuk nyuling sore nyuling,
sulingé arèk Surabaya.
Ésuk eling sore eling,
sing diéling ora rumangsa.
Wikipedia.com
31
Awan-awan aja keluyuran,
ana pak mantri numpak sekuter.
Kapan-kapan aku keturutan,
duwe kanca sinauné pinter
Wikipedia.com
32
Ésuk nembang soré nembang,
tembangané asmaradana.
Ésuk ngadhang soré ngadhang,
sing diadhang ra teka-teka
Wikipedia.com
33
Ali-ali ilang matane,
Gantenana matane akik,
Aja lali karo wong tuwane,
Ngailingana ri kalane sih cilik.
Blog Rosyad
34
Suwe ora jamu
jamu godong kluwih.,
suwe ora ketemu
ketemu isan neng ngadiluwih
Blog Rosyad
35
Bibi surip tuku klobot,
Pethuk encik tawa roti
Uwong urip pancen abot,
Mula becik ngati-ati.
Modul B. Jawa
36
Jangan kacang jangan kara,
Kaduk uyah kurang gula.
Piwelingku mrimg pra mudha,
Aja wedi ing rekasa.
Modul B. Jawa
37
Ndelok manten
Ning Omahe Mumun
Cekap semanten
Lan matur nuwun
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com
38
Tuku clurid
Menyang nggone septi
Dadi murid
Kudu ngabekti
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com
39
Sapi manak
Menyang omahe heri
Dadi anak
Kudu taberi
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com
40
Kebo manak
Mangan dami
Dadi anak
Kudu ngajeni
Aakkuucintaindonesa.blogspot.com
41
Tuku pit
Etuk emas
Yen ngepit
Alon wae mas
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com
42
Tuku wadah iwak teri
Dadi bocah Ojo seneng ngapusi
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com
43
Wajik klethik, gula jawa
Kalah dhisik, ora papa.
Modul B. Jawa
44
Ngasah arit, nganti landhep.
Dadi murid, kudu sregep.
Modul B. Jawa
45
Tawon madu ngisep sekar
Golek ngelmu kudu sabar
Kawruh basa jawa
46
Wedhang kopi gula jawa
Aja lali karo kanca
Kawruh basa jawa
47
Kembang mlathi, ganda arum warni peni,mlathi
Watak putrid, kudu gemi lan nastiti
Kawruh basa jawa
48
Tawon madu, ngisep sari kembang jambu
Aja nesu, yen dituduhke luputmu
Kawruh basa jawa
49
Rujak wuni, rujake wong wetan kali
Sing taberi, ja ketungkul nonton tivi
Kawruh basa jawa
50
Kembang salak sumebar tengahing bulak
Aja anggak, luwih becik sumanak
Kawruh basa jawa
51
Kembang jambu sedhompol mekroke telu
Timbang nesu, ayo kanca mesem ngguyu
Kawruh basa jawa
52
Kayu urip ora ngepang
Iji-ijo godhong jati
Uwong urip ora gampang
Mula padha ngati-ati
Kawruh basa jawa
53
Bengi-bengi aja adus
Mundhak diwedeni medi
Aku muji kabeh lulus
Bisa klebu neng perguruan tinggi
Kawruh basa jawa
54
Tuku ragi
Menyang sekar pace
Parikan iki mugi-mugi
Kathah manfaate
-
55
Tuku oleh-oleh
Menyang rantau
Muga-muga kabeh
Tambah sregep sinau
-





            Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake. Mung anggone ngandakake ora kanthi melok, jelas utawa cetha, nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih. Wangsalan ana kang gampang ditegesi, nanging uga ana kang kudu njlimet anggone nggoleki karep kang saknyatane.
Wangsalan iku anasesebutane dhewe-dhewe, yaiku:
1.    Wangsalan Lamba, yaiku wangsalan kang isih prasaja
2.    Wangsalan Rangkep, yaiku wangsalan kang sinebut ing saben sagatra rangkep utawa ana rong wangsalan saben sagatra.
3.    Wangsalan Memet, yaiku wangsalan kang anggone nggoleki karepe tembung ora mung sepisan, mula kudu luwih tliti
4.    Wangsalan Pdintenan, yaiku wangsalan kang digunakake minangka pacelathon ing saben dinane, yen dirungu kaya wis kulina krungu, mula bisa dadi tembung nggregetake.
5.    Wangsalan Edipeni, yaiku wangsalan kang ngemu surasa pitutur kang becik.
6.    Wangsalan Nganggo Pathokan Tinamtu, yaiku wangsalan kang wis cetha pathokane lan tegese saka tembung kang diwangsalake wis cetha.
7.    Wangsalan Sianwung ing Tembang saha Gending



TULADHA :

No.
Tuladha
Sumber
1
Lombok cilik, dikandhani malah mecengis
Modul
2
Widheng galeng, tekamu apa padha rahayu
Modul
3
Mrica kecut, singgat toya
Saunine, wong sengit nggregetake
Modul
4
Uler kembang, yen trima alon-alonan
Modul
5
Nyaron bumbung, cengklungen anggonku ngenteni.
Modul
6
Jarwa Prapta, aja duka ya!
Modul
7
Carang wreksa, wreksa kang rinengga janma
Modul
8
Nora gampang, golek kawruh mrih kaonang
Modul
9
Gayung sumur, aja kemba aja mundhur
Modul
10
Kapi jarwa, dakpethek mangsa luputa
Modul
11
Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren)
Wikipedia.com
12
Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
Wikipedia.com
13
Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula
Wikipedia.com
14
Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori.
Wikipedia.com
15
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang
Wikipedia.com
16
Sayektine, wit saking bondho kawula
Wikipedia.com
17
Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka.
Wikipedia.com
18
Njanur gunung, kadingarèn dolan mréné? (janur gunung = arèn)
Wikipedia.com
19
Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan)
Wikipedia.com
20
Jenang gula, aja lali (jenang gula = glali)
Wikipedia.com
21
Nggodhong garing, ésuk-ésuk kok wis nglaras (godhong garing = klaras)
Wikipedia.com
22
Balung klapa, éthok-éthok ora ngerti (balung klapa = bathok)
Wikipedia.com
23
Balung geni, mbokmenawa aku ora bisa teka (balung geni = mawa)
Wikipedia.com
24
Balung janur, sida lunga apa ora? (balung janur = sada)
Wikipedia.com
25
Balung pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok)
Wikipedia.com
26
Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir (jangan gori = gudheg)
Wikipedia.com
27
reca kayu, goleka sabda rahayu. ( reca kayu = golekan)
Kedai ku
28
bayem arda, dhasar anteng tur jatmika (bayem arda = lanteng)
Kedai ku
29
kukus gantung, sawengan kang adi luhung. (kukus gantung = sawang)
Kedai ku
30
durna putra, ngudiya basa utama (durna putra = aswatan)
Kedai ku
31
gayung sumur, kewan gung granane dawa. aja kemba, mangesthi saliring karya. ( gayung sumur = timba; kewan gung granane dawa = esthi (gajah))
Kedai ku
32
bibis tasik, tasik manda winor tirta. maju mundur, tangeh marem kang pinanggya ( bibis tasik = undur undur, tasik manda winor tirta = parem)
Kedai ku
33
tapas aren, aren arab wijilira. tindak tanduk, nora ninggal tata krama. (tapas aren = duk; aren Arab wijilira = kurma)
Kedai ku
34
saron agung, agung agunging sujanma. yen mung ewuh, sabarang nora tumeka ( saron agung = demung; agung agunging sujanma = ratu)
Kedai ku
35
cipta arda, ardaning tyas mring sasama. tyas susila, nor raga ambek jatmika. ( cipta arda = nepsu; ardhaning tyas mring sasama = ambek)
Kedai ku
36
mamet tirta, tirta jawah jro ketiga. suka lila,lebur luluh labuh praja. ( mamet tirta = ngangsu, tirta jawah jro ketiga = labuh)
Kedai ku
37
Bok aja nglemah bengkah. (nglemah bengkah = tela = nyela nyela)
Kedai ku
38
Wah, mandhan rawa lho kowe, bareng macak Jawa ( pandhan rawa = wlingi/manglingi
Kedai ku
39
Mung kepengen nggentha dara. ( gentha dara = sawangan = nyawang)
Kedai ku
40
Yen ora nesu, geneya kowe kok mentil kacang, mrengut terus. ( mentil kacang = sungut = mrengut)
Kedai ku
41
Kancing gelung munggweng dhadha, titenana! ( kancing gelung munggweng dhadha = peniti = titenana)
Kedai ku
42
Ngembang garut nggrêmêng ora karuwan
(kêmbang garut = grêmêng),
Kedai ku
43
Sêkar arèn mas, sampún dangu kok botên kêpanggih
(sêkar arèn = dangu).
Ki Demang
44
Kêmbang jambu, kêmaruk duwé dolanan anyar.
(kêmbang jambu = karuk = dadi kêmaruk).
Ki Demang
45
Roníng mlinjo, sampún sayah nyuwún ngaso.
(roníng mlinjo = so - dadi ngaso).
Ki Demang
46
Klåpå mudhå, yèn kalegan paringa apurå.
(klåpå mudhå = degan - dadi kalêgan)
Ki Demang
47
Kêmbang gêmbili sênêng-sênêng olèh rêjêki.
(kêmbang gêmbili = sênêng).
Ki Demang
48
Witíng klåpå jawåtå ing ngarcåpådå. Salugune wóng mudhå gelem rekåså.
(witing klåpå = glugu dadi saluguné)
Ki Demang
49
Kolik priyå priyagung anjani putrå.
(kolik priyå = manuk tuhu).
Ki Demang
50
  1. Jirak pindha munggwing wana
  2. Sayeng kaga we rekta
  3. Sinambi kalaning nganggur
  4. Wastra tumrap mustaka
  5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
  6. Kinarya langen pribadi
Wikipedia.com
51
Pangkur Lamba (slendro Pantet 9)
Purwaka (buka,Basa)
Kembang adas sumebar neng tengah alas
Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras
Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan
Wiwit gerong sing baku
Lagu gendhing pangkur lamba
Maweh gumirah wardaya
Tur mathuk kinarya aba
Mlaku bareng ulah raga
Balung jagung:maksude janggel
Janggelan = during tetep, isih kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung.
Wikipedia.com




DAFTAR PUSTAKA
·       http://wikipedia.com
·       http://wonosari.com
http://www.google.com

19 comments:

  1. saya tidak mudeng sma skali dengan bhasa jawa apa lagi aksara jawanya..
    jdi ini sungguh membantu,, arigato :)

    ReplyDelete
  2. iya, sama - sama,. terimakasih sudah berkunjung ke blog saya.
    kalo saya sih paling suka sama aksara jawa & pewayangan.

    ReplyDelete
    Replies
    1. SAMI KALEH KULO...............

      Delete
    2. nggih :-)
      matur suwun sampun mampir :-)

      Delete
  3. Terimakasih udah berbagi :-)

    ReplyDelete
  4. MATUR tq lek,Saget kangge mulang......budhe yuli

    ReplyDelete
  5. Replies
    1. sepertinya bisa buat sendiri kan? terima kasih udah berkunjung & berkomentar :-0

      Delete
  6. srikaya nepluk nng dalan
    luruh kraca sampe teka bunderan
    kaya kenen temen nasib badan due pacar sun ora kaberan......

    ReplyDelete
    Replies
    1. terimakasih sudah meramaikan ini kolom komentar :-)
      berkunjung lagi ya?

      Delete
  7. oya, ada lagu yang memuat parikan gak? sekali lagi terimakasih

    ReplyDelete
  8. terimakasih :> sangat membantu saya dalam belajar :D

    ReplyDelete