Pages

Social Icons

Beranda

Thursday 12 December 2013

Tuladaha Pidato basa jawa bab Kabudaya - Keris

Terimakasih Atas Kunjungannya :-)
Thanks For Visiting My Blog

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun

Ingkang winantu ing pakurmatan dalasan bapak dalasan ibu guru saha rencang – rencang ingkang winantu ing suka basuki. Sahagkung rumiyin, sumangga panjenengan saha kula sami ngunjukaken raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, awit saking paring rahmat saha hidayahipun panjenengan sedaya saha kula tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan, miwah kabagyan katitik ing enjang punika saged sesarengan makempal wonten ing papan mriki. Wonten wekdal punika kula badhe ngrembug babagan salah sawijining kabudayan jawi inggih menika keris.
Rencang – rencang ingkang kula tresnani, keris utawi tosan aji utawi curiga puniku salah sawijining senjata tradhisional tiyang jawi ugi dados salah sawijining lambang paripurna  tiyang kakung. Keris gadah makna jantan, perkasa, saha diwasa, utawi tiyang jawi puniku kudhu tangguh, saged njagi kaluarganipun saha mbela nagarinipun.
Jaman sakniki fungsinipun keris sampun kirang, keris naming dados barang koleksi ugi kagem alat upacara saha ritual adat. Menawi jaman kepungkur, saliyanipun gadah fungsi dados senjata, keris ugi saged kagem tandha status social, jenjang pangkat ugi hadiah. Keris wonten jaman kepungkur ugi saged dados symbol paseduluran ingkang dipuntandhai upacara ijol – ijosaha keris, malah puniki dados simbol paseduluran ingkang paling inggil. Wonten praktek – praktek ingkang sifatipun mistikris dipunanggep dados jimat saha pomahan kagem makhluk gaib.
Bapak saha ibu guru, keris jawi gadhah 3 perangan utami inggih menika, skapisan inngih menika wilah utawi pesi, wilah menika perangan utaminipun keris. Ingkang kapindho inggih menika warangka, warangka puniku sarungipun keris utawi cara gampilipun wadhahipun keris. Ingkang ketigo inggih menika gaman utawi gagang, gaman menika perangan ingkang dipunasta, panggenanipun wonten ngandap wilah, fungsinipun kagem ngasta wilah saha kagem dipunasta ngagem asta.
Arusipun modernisasi, globalisasi saha westernisasi saged ngicalaken kabudayan jawi puniki ingkang luhur edi peni, kanoman kedah nambah raos tresna marang keris supados keris puniki ingkang gadhah kathah maneka bentuk saged dipunlestantunaken saengga tasih saged dipunsekseni dening putu saha wayah panjenengan sedaya saha kula. Dados sumangga panjenengan sedaya saha kula njagi saha nglestantunaken keris jawi
Wasana, cekap semanten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten lepat kula nyuwun agunging pangaksami.

Juminten ketiban ban
Cekap semanten lan nuwun

Wassalamualikum Wr. Wb.




XII IPS 2



 ALWAYS REMEMBER : http://aakkuucintaindonesia.blogspot.com

No comments:

Post a Comment