Pages

Social Icons

Beranda

Friday 24 May 2013

Contoh Pidato Dalam Bahasa Jawa dalam Peringatan aulid Nabi Muhammad

Terimakasih Atas Kunjungannya :-)
Thanks For Visiting My Blog

Contoh Pidato Bahasa Jawa Prakata Panitia Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW :


Ingkng kinurmatan  rama kyai ……………. Ingkang kito ajeng2 fatwanipun, ingkang kawulo hormati sesepuh soho pini sepuh , ingkang kito ajeng2 wejangan2nipun. Dumateng Bpk kepala desa sa’perangkatipun ingkang kito taati peraturan lan perintahipun. Dumateng sedoyo hadirin/hadirat kaum muslimin/muslimat ingkang kawulo hormati.
Kanthi ngucapaken raos sukur Alhamdulillah dumateng ngarsaning gusti Allah ta’ala. Katitik ngantos ing punika wekdal panjenengan saha kula taksih pinaringan Rahmat lan hidayahipun sahingga wonten adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW, punika kita sedoyo saged angrawuhi lan makempal wonten ing masjid Miftahul Huda miriki.
Satemah ing ndalu punika kita saged makempal wonten ing papan punika saperlu amengeti dinten wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kaping kalihipun shalawat lan salam mugi2 konjuk dumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Awit labuh labatipun sahengga agami Islam tuwuh angrembaka wonten ing zaman saniki, lan Islam ingkang sampun kita rungkepi punika, mila kita saged ambentenaken perkawis ingkang njlomprongaken lan perkawis ingkang nguntungaken.
Hadirin hadirat kaum muslimin muslimat Rahimmakumullah….
Kados sampun kasebataken dening pranatacara, bilih kulo minangka mewakili saking segenap Panitia pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Minangka pangarsaning panitia kulo hangaturaken sewu2 agunging apnuwun dhumateng para hadirin hadirat sedaya ingkang sampun kepareng nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi acara punika.
Kula rumaos bombong awit panyengkuyung lan keshadaranipun umat Islam kanti  ikhlas sampun sesarengan hanyengkuyung kaleksananipun tata adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing ndalu punika rencana lan tujuanipun sagunging para panitia ngawontenaken adicara punika mboten sanes hanguri-uri murih ngrembakaning ajaran Islam ingkang sampun kaasta dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Mugi2 gusti Allah paring lelintu dhumateng amalan kita wonten ing ndalu punika kanti ganjaran ingkang sebobot lan satimbang kaliyan pandamel kita, Amin….
Para Bapak/ibu sagunging para kaum muslimin/muslimat ingkang kinurmatan, sepisan malih sagunging panitia tansah ngatuaken agunging panuwun dhumateng para Bapak ibu lan sederek sedaya sarta sadaya ingkang ingkang sampun kepareng hanyengkuyung wontenipun tata adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW punika.
Lan kula pinangka pangarsaning panitia sarta para kadang panitia tansah nyuwun agunging samodra pangaksami, awit kula sakadang hangrumaosi bilih anggenipun hanggaturaken papan palenggahan saha samukawisipun kirang mranani dumateng manah panjenengan sedaya.
Mbok menawi cekap semanten ingkang dados atur kulo wonten ing acara punika, kiranging basa kula tansah nyuwun sih agunging pangaksami, purnaning atur, Billahi taufiq wal hidayah .. 

Semoga bermanfaat.....

Source :
http://mugosukses.blogspot.com/

 ALWAYS REMEMBER : http://aakkuucintaindonesia.blogspot.com

No comments:

Post a Comment