Pages

Social Icons

Beranda

Sunday 13 January 2013

Contoh : Pambagyaharja mengeti Dinten Proklamasi RI ( Memperingati Hari Proklamasi )

Terimakasih Atas Kunjungannya :-)
 Thanks For Visiting My Blog


Assalamualaikum Wr. Wb.
                Dhumateng panjenenganipun Ketua Karang  Taruna “ Cinta Damai” ingkang kula bekteni, sarta kadang-kadang Karang Taruna “Cinta Damai” ingkang winantu ing suka basuki.
                Kadang-kadang ingkang winantu ing suka rena, mangga langkung rumiyin kula dherekaken ngaturaken puji dalasan syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit panjenengan lan kula kaparingan kanikmatan ingkang awujud kamardikan, dene ing dinten ingkang mirunggan punika panjenengan lan kula taksih saged mahargya dinten proklamasi ingkang kaping 67.
                Panjenenganipun Ketua Karang Taruna ingkang kula urmati, wonten ing pengetan punika kula sakanca gadhah ancas badhe ngeregengaken kamardikan kanthi ngawontenaken Pentas Seni, ingkang rancanganipun benjang jng dinten Setu malem Minggu tanggal 18 Agustus 2012. Awit saking punika wonten mriki badhe kula waosaken acara-acara ingkang badhe kalaksanan :
1.       Pambuka
2.       Sambutan saking Ketua Panitia, Bapak Kadus, lan Bapak Lurah
3.       Pentas gerak dan lagu ingkang badhe nindakaken mudha dalasan mudhi
4.       Hiburan
5.       Penutup
Mugi sedaya acara punika saged kalampahan kanthi rancag.
                Pramila kula minangka wakil saking kadang-kadang menawi wonten kekirangan anggenipun ngrancang kegiyatan ingkang boten jumbuh semangat kamardikan, kula sakanca nyuwun panyaruwe ingkang tundhonipun saged damel mindhak saenipun sesrawungan ing madyaning Karang Taruna “ Cinta Damai “ ngriki.
                Kula kinten boten prayogi manawi kula matur kathah-kathah awit taksih kathah asara ingkang badhe kagelar ing ndalu punika, pramila menawi anggen kula matur kathah kekiranganipun kula nyuwun agunging  pangapunten. Panutuping atur
Wassalamualaiykum Wr. Wb.


Nama    : Meliza Rakasiwi
Kelas     : XI IPS 2
No          : 03

 ALWAYS REMEMBER : http://aakkuucintaindonesia.blogspot.com

2 comments: