Pages

Social Icons

Beranda

Thursday 6 December 2012

Cerita Bahasa Jawa " Asu Ajag Lan Wedhus Berok " + Amanat

Terimakasih Atas Kunjungannya :-)
Thanks For Visit My Blog



TUGAS BASA JAWA



Asu Ajag Lan Wedhus Berok

Ana wedhus lanang berok siji banget kasatan, nyemplung ing luwengan kang ana banyune. Anuli ana asu ajag siji , iya kasatan arep ngombe, enggal nututi melu nyemplung. Sawuse padha arep ngombe, banget ing bungahe, ananging bareng arep metu, padha ilang kabungahane sanalika, awit karone ora bisa mancolot metu saka ing luwengan. Saking getere, wedhus lanang muni  seru, sebute :
“Dhuh, kapriye saiki mungguh ing pratingkah. Asu ajag ing sawatara meneng bae, wasana calathune : “ Aku wus nemu akal tuwin sarat, kang bisa mitulungi aku lan kowe. Dienggal ngadeg. Sikilmu ngarep pancadna iringing luweng an dikukuh. Kepriye ki sanak , apa kowe wis ngerti, aku nuli munggah ing githokmu, gampang banjur mancolot metu.
Sawuse mangkono , mung kari gaweyan sapele, sarana kuwating untuku aku bisa tetulung ngentas kowe. Wedhus lanang ngrujuki. Bareng wus ngadeg, asu ajag celathu : “ Wedhus, dikukuh”.
Anuli munggah ing githok, banjur mancolot metu. Sawuse mentas, ora pisan nedya nulungi kancane. Malah angerang-erang , celathune : “ O, gemblung kang jenggot dawa, besuk maneh aja ngandel ujare sakehing asu ajag, saiki tampanana wewulangku, bok manawa ing tembe kanggo : “Sadurunge nyemplung ing luwengan , pikiren dhisik , kapriye olehmu bakal mentas.”

AMANAT : Ewaa marang alane asu ajag, nanging wewulange eling-elingen. Samubarang pratingkah, sadurunge kolekasi, pikiren dhisik.


Ula badhudhak lan landhak
Ing nalika môngsa adhêming angin, ana ula badhudhak katisên bangêt, mubêng golèk pandhêlikan ora olèh. Wasana katêmu karo landhak kang bêcik kalakuane, anyalathoni mangkene: mêsakake têmên kowe iku, angin iki ora bêcik ingatase awakmu, olèhmu andharodhog kôngsi kaya godhong katêmpuh ing angin, ayo mênyang êrongku, supaya olèha angêt ing sawatara.
Calathu mangkono iku anuju karêpe ula badhudhak, banjur enggal nêlosor lumêbu ing êrong. Saking bangêt lêmune, êrong cilik kôngsi kacakan saparone, kang
duwe êrong ora kaduman panggonan. Barêng dayoh kang katisên wus angêt, ora pisan kawêtu calathune awèh panrima tuwin arêp lunga, kaya kang wus dadi patute, malah ngenak-enak ngalêkêr bae. Landhak anuli calathu: saiki wus wêngi, lan wus mangsane kowe lunga. Anamu ing kene sadhela andadèkake bungahku, ananging saiki lungaa, ing besuk-besuk balia manèh, kowe iyo wêruh dhewe, yèn êrong cilik iki sêsak dak ênggonana karo kowe. Ula badhudhak amangsuli: hêm, dadi kowe angira yèn sêsak, satêmêne, êrongmu iki luwih prayoga, wruhanamu kisanak, aku kapenak ana ing kene, lan ora sumêdya lunga, mulane akal-akala golèk panggonan kang jêmbar.


AMANAT : wong gawe kabêcikan kêrêp anêmu wêwalês ala, iya uga aja mèngèng anglakoni panggawe bêcik ing salawase, mung diawas marang wong kang bakal kobêciki.




 ALWAYS REMEMBER : http://aakkuucintaindonesia.blogspot.com

No comments:

Post a Comment