Pages

Social Icons

Beranda

Wednesday 26 December 2012

Pambagyaharja / Tanggap Wacana Acara Rapat Pelantikan Pengurus Karang Taruna

Terimakasih Atas Kunjungannya :-)
 Thanks For Visit My Blog




Assalamu’alaikum Wr. Wb

Dhumateng panjenenganipun Bapak Ketua RW Jaten ingkang kula urmati, ingkang kinurmatan Bapak Ketua RT Jaten saha para tamu undhangan ingkang kinabekten. Saha kadang-kadang kula karang taruna “ Tunas Bangsa” ingkang winantu ing kabagyan lan kawilujengan.
Para tamu ingkang winantu ing suka rena, mangga langkung rumiyin kula nderekaken puji dalasan syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Agung awit kula lan panjenengan dinten menika saged makempal ing papan mriki. Dene ing dinten ingkang mirunggan punika kula lan panjenengan taksih saged dhateng wonten rapat pelantikan pengurus karang taruna “Tunas Bangsa” ingkang enggal.
Para tamu sindhehan, kula makili para pemudha desa Jaten ngucapaken selamat kangge para pengurus karang taruna “Tunas Bangsa” ingkang enggal. Mugi-mugi pengurus menika saged nglajengaken kepengurusan. Mugi sageda ningkataken solidaritas, kreativitas, persatuan lan kesatuan ing salebeting organisasi. Nengenaken kapentingan klompok tinimbang kapentingan pribadi. Mugi-mugi kepareng panyengkuyung dhateng warga desa menika.
Ingkang pungkasan, mbok bilih wonten kakiranganipun trapsila anggenipun ngacarani kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb


 ALWAYS REMEMBER : http://aakkuucintaindonesia.blogspot.com

No comments:

Post a Comment