Social Icons

Senin, 10 Desember 2012

Cerita Rakyat Bahasa Jawa - Iwit Bajing lan Tikus Cilik - + Amanat

Terimakasih Atas Kunjungannya :-)
Thanks For Visit My Blog




Iwit Bajing lan Tikus Cilik

Iwit si bajing sing manggon ing wit klapa pinggir dalan gedhe sedhih atine. Geneya? Sebab dheweke durung duwe pasedhiyan pangan senajan mung sethithik. Kamangka sedhela engkas wis mangsa rendheng. Nanging apa sing dialami Iwit iki ya merga saka kesede dhewe. Kamangka, wit klapa sing dipanggoni turu wis ora nguwoh maneh jalaran saking tuwane umure.
Sasuwene mangsa ketiga Iwit turu wae. Emoh nyambut gawe. Mulane, saiki Iwit munyeng mikirake tekane mangsa rendheng mengko, piye bisane ing mangsa iku dheweke panggah mangan kaya biasane. Ora kaliren.
Ing dhuwur wit, Iwit duwe tangga jenenge Kiki Tikus.
“Rewangana aku ya, supaya bisa golek pangan ing mangsa rendheng mengko….” kandhane Iwit marang Kiki Tikus.
“Iya, aja kuwatir,” wangsulane Kiki.
“Carane, wiwit saiki kudu nyambutgawe sing mempeng, golek wit-wit sing nguwoh akeh. Ben bisa nglumpukake pangan.”
Krungu kandhane Kiki ngono mau, Iwit mencep. “Apa? Aku kudu nyambut gawe? Huhh… wegah…wegah..!” Iwit gebes-gebes, banjur molet lan angop. Let sedhilut wis turu nglepus. Sauntara iku kanca-kancane, kaya prenjak lan dara, padha ibut nyambut gawe.
Sawijining dina, nalika lagi enak-enak turu, dumadakan Iwit krungu swara tangis. Dheweke banjur nggoleki asale swara mau. Tibake ana tikus cilik lagi nangis ing ngisor wit cemara cedhak wit klapa panggonane Iwit turu.
“Geneya kowe kok nangis?” pitakone Iwit.
Tikus cilik iku nyawang Iwit, banjur ngelapi eluhe nganggo sikil ngarep.
“Aku sumpeg, sedhilut engkas mangsa rendheng. Nanging aku ora duwe papan kanggo ngeyub. Aku bisa mati katisen yen ora nemu papan kanggo ngeyub sasuwene mangsa rendheng,” wusana kewetu sambate.
“Aku ya sumpeg…. wis meh rendheng  durung duwe pasedhiyan pangan blas. Bisa-bisa aku mati kaliren mengko,” Iwit genti sambat.
Kekarone banjur meneng. Lungguh sangga uwang, mikir nasibe dhewe-dhewe. Suwe-suwe Iwit angop amba lan turu nglepus. Dene tikus cilik, rumangsa oleh kanca senasib, marani panggonane Iwit. Banjur mlungker ing buntute Iwit sing empuk lan kandel. Tikus kuwi turu nglipus ing kono nganti Iwit nglilir.
“Buntutmu anget, kandel, lan empuk. Angler banget olehku turu ana buntutmu mau,” kandhane Kiki Tikus bareng Iwit nglilir.
“Iya ta? Nek ngono, kowe wis nemokake papan kanggo turu selawase mangsa rendheng iki.”
“Ing endi?” pitakone tikus cilik ora ngerti.
“Ing buntutku….”
“Tenan? Kowe ora kabotan?”
“He’em.”
“Matur suwun Wit, matur suwun,” kandhane si tikus cilik seneng banget. Ing batin dheweke janji arep mbales kabecikane Iwit Bajing. Lan dheweke ngerti, yen Iwit Bajing rada males nglumpukake pasedhiyan pangan.
Tikus cilik iku banjur sengkud nyambutgawe nglumpukake pasedhiyan pangan mangsa rendheng kanggo dheweke dhewe lan Iwit Bajing kancane. Kaya apa bungahe Iwit weruh gudhange wis kebak panganan. Ana cuwilan klapa, cuwilan roti, pohung, lan liya-liyane. Ateges dheweke bisa mangan wareg ing mangsa rendheg mengko.
“Kowe ora kabotan ta Kus, nggolekake pangan aku?”
“Ora. Pancen aku pengin males kabecikanmu kok.”
“Matur nuwun, matur nuwun banget. Aku….”
“Ora angel kok nglumpukake pangan kuwi, Wit. Sing penting mung gelem nyambutgawe mempeng….”
Iwit mesem isin. ”He’em, pancen kudune aku nyambutgawe mempeng kaya kowe lan kanca-kanca liyane.” Iwit banjur ngrangkul tikus cilik kancane kuwi. “Sesuk aku arep golek pangan bareng kowe, ora bakal turu wae. Matur nuwun Kus, kowe wis nyadharake aku….”

AMANAT :

Dadi wong aja males, kudu nyambut gawe lan sregep.
Kita kudu nulungi wong liya supaya awake dhewe ditulung menawa kena musibah utawa kesusahan.


 ALWAYS REMEMBER : http://aakkuucintaindonesia.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar