Pages

Social Icons

Beranda

Wednesday 3 July 2013

Laporan Wawancara dalam Bahasa Jawa

Terimakasih Atas Kunjungannya :-)
Thanks For Visiting My Blog

LAPORAN WAWANCARA

Dina / tanggal             : Senin, 3 Sepember 2012
Jam                              : 12.00
Stasiun TV                   : TATV
Jeneng acara               : TA Siang
Narasumber                : Ruli Rawi - Bupati OKU Selatan
Tema wawancara        : Alas rusak

Pokok-pokok isi wawancara
œ Desa cacah 9 ing wewengkon kabupaten Organ komering ulu (OKU) selatan, Sumatra Selatan dilapurake diserang gerombolan gajah, Senin 3 Sepember.
œ Gajah-gajah mau wis wani nyerang manungsa lan nyebabke wong siji tiwas kepidak.
œ Pamarintah sarwa salah anggone nangani perkara gajah kuwi,arep dibedhili wedi nerak aturan amarga gajah kalebu kewan kang diayomi dening pemerintah. Nanging yen ora dipateni grombolan gajah kasebut wis mbebayani tumrap warga padesan. Kang bisa dilakoni dening pamarintah mung aweh pengumuman marang masyarakat supaya waspada marang pangamuke gajah-gajah mau.
œ Pangamuke gajah-gajah mau disebabake enteke pasedhiyan mangan lan ngombe, merga alas alas kang sasuwene iki minangka habitate kewan kesebut wis rusak bosah baseh dening tumindake menungsa.
œ Total ambane alas 3,7 hektar, 60 % ing antarane jroning kahanan rusak amarga panembangan liar. Kajaba kuwi alas produksi kang ambane 1,2 hektar saka total 2,4 hektar uga jroning kahanan gundhul.

Dudutan / kesimpulan
Miturut Ruli Rawi bupati ing Organ komering ulu (OKU) selatan, Sumatra Selatan, grombolan gajah nyerang wewengkon kabupaten OKU amarga pasedhiyan mangan lan ngombe kanggo gajah-gajah mau entek lan merga alas alas kang sasuwene iki minangka habitate kewan kesebut wis rusak bosah baseh dening tumindake menungsa. Pamarintah sarwa salah anggone nangani perkara gajah kuwi,arep dibedhili wedi nerak aturan amarga gajah kalebu kewan kang diayomi dening pemerintah. Nanging yen ora dipateni grombolan gajah kasebut wis mbebayani tumrap warga padesan.






PATRIA SETYA DEWI

XI IPA 3/12      

 ALWAYS REMEMBER : http://aakkuucintaindonesia.blogspot.com

No comments:

Post a Comment