Pages

Social Icons

Beranda

Wednesday 3 July 2013

Contoh Pidato dalam Bahasa Jawa tentang Kegiatan Amal

Terimakasih Atas Kunjungannya :-)
Thanks For Visiting My Blog

Assalamualaikum Wr. Wb
Sugeng enjang lan sugeng rawuh kula aturaken dhumateng Bapak Kepala Sekolah, bapak ibu guru, saha para tamu undangan sedaya. Kula minangka wakilipun kanca-kanca panitia kegiyatan amal kangge mbiyatu korban bencana alam wonten ing dusun Mogol , Tawangmangu, Kabupaten Karanganyar ngaturaken agunging panuwun dhumatheng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa ngrawuhi lan maringi bantuan arupi punapa kemawon saengga acara kegiyatan amal punika saged kalaksana ing wekdal punika. Mboten kasupen, mangga kita sadaya ngaturaken puji syukur konjuk ing ngarsanipun Gusti Maha Agung dene kita sadaya taksih dipunparingi kawilujengan.
Sepindhah, kegiyatan amal punika mujudaken wekdaling raos trenyuhipun para siswa, para guru , saha bapak ibu tiyang sepuh wali murid dhumateng penandhang ingkang dipun sandhang dening sedherek-sedherek kita ing Dhusun Mogol.
Kaping kalihipun, kegiyatan punika minangka latihan dhumateng para siswa sedaya kangge nuwuhaken raos kepedulian sosial. Ing kalodhangan punika kula sakanca ngaturaken agunging panuwun awit paringipun bantuan arupi punapa kemawon.
Mekaten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentu kula anggenipun kula matur, nyuwun agunging samodra pangaksami. Matur nuwun.

Wassalamualikum Wr. Wb

 ALWAYS REMEMBER : http://aakkuucintaindonesia.blogspot.com

1 comment: